Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 8:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. anggere kowe resik lan temen,Panjenengane mesthi banjur wungu lan mitulungi kowe,tuwin ndandani omah kang dadi wewenangmu.

7. Satemah kaananmu kang wiwitan bakal katon asor,dene kaananmu kang wekasan bakal dadi mulya banget.

8. Takona ta bab wong-wong jaman biyen,lan gatekna apa kang wus katitipriksa dening para leluhur.

9. Amarga kita iki padha bocah dhek wingi sore, padha ora sumurup apa-apa,awit umur kita ana ing donya iki kayadene wewayangan.

10. Para leluhur mau rak sing kudu mulang lan pratela marang kowe,tuwin nglairake tetembungan kang metu saka ing atine.

11. Bangsane glonggong apa bisa thukul gedhe, manawa ora ana ing rawa,utawa glagah apa bisa thukul subur manawa tanpa banyu?

12. Sanadyan lagi nedheng-nedhenge thukul, sadurunge mangsane dipecok,rak mesthi banjur alum, gelis iku katimbang karo bangsa suket liyane.

13. Ora beda karo lelakone sakehe wong kang ora eling marang Gusti Allah;iku sirna pangarep-arepe;

14. pangarep-arepe kaya jaring kemlandhingan,lan pangandele kaya jaring kemangga,

15. omahe dianggo sesendhen, nanging ora bisa terus ngadeg,digondheli, nanging ora kuwat.

maca bab lengkap Ayub 8