Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 8:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Apa iya Gusti Allah kok mbengkokake kaadilan?Apa iya Kang Mahakuwasa kok mbengkokake kabeneran?

4. Manawa anak-anakmu padha gawe dosa marang Panjenengane,mesthi wus dipasrahake marang pangwasane panerake dhewe.

5. Nanging manawa anggonmu ngupaya Gusti Allah,sarta nyuwun sih-piwales marang Kang Mahakuwasa,

6. anggere kowe resik lan temen,Panjenengane mesthi banjur wungu lan mitulungi kowe,tuwin ndandani omah kang dadi wewenangmu.

7. Satemah kaananmu kang wiwitan bakal katon asor,dene kaananmu kang wekasan bakal dadi mulya banget.

8. Takona ta bab wong-wong jaman biyen,lan gatekna apa kang wus katitipriksa dening para leluhur.

9. Amarga kita iki padha bocah dhek wingi sore, padha ora sumurup apa-apa,awit umur kita ana ing donya iki kayadene wewayangan.

10. Para leluhur mau rak sing kudu mulang lan pratela marang kowe,tuwin nglairake tetembungan kang metu saka ing atine.

11. Bangsane glonggong apa bisa thukul gedhe, manawa ora ana ing rawa,utawa glagah apa bisa thukul subur manawa tanpa banyu?

12. Sanadyan lagi nedheng-nedhenge thukul, sadurunge mangsane dipecok,rak mesthi banjur alum, gelis iku katimbang karo bangsa suket liyane.

maca bab lengkap Ayub 8