Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 8:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli Bildad wong Suah mangsuli, calathune:

2. “Nganti pira lawase anggonmu duwe ujar mangkono iku,sarta tembunging tutukmu kaya angin gedhe iku?

3. Apa iya Gusti Allah kok mbengkokake kaadilan?Apa iya Kang Mahakuwasa kok mbengkokake kabeneran?

4. Manawa anak-anakmu padha gawe dosa marang Panjenengane,mesthi wus dipasrahake marang pangwasane panerake dhewe.

5. Nanging manawa anggonmu ngupaya Gusti Allah,sarta nyuwun sih-piwales marang Kang Mahakuwasa,

6. anggere kowe resik lan temen,Panjenengane mesthi banjur wungu lan mitulungi kowe,tuwin ndandani omah kang dadi wewenangmu.

7. Satemah kaananmu kang wiwitan bakal katon asor,dene kaananmu kang wekasan bakal dadi mulya banget.

8. Takona ta bab wong-wong jaman biyen,lan gatekna apa kang wus katitipriksa dening para leluhur.

maca bab lengkap Ayub 8