Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 6:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. Ah, muga-muga panyuwunku kabul,Gusti Allah muga karsa paring kang dadi pangarep-arepku!

9. Gusti Allah muga karsaa ngremuk aku,ngagagake astane sarta nguwisi uripku!

10. Iku kang isih dadi panglipur tumrap aku,malah aku bakal lincak-lincak marga saka bungahku.ing sajrone aku nandhang sangsara kang tanpa piwelas iku,sabab aku ora tau nyelaki pangandikane Kang Mahasuci.

11. Sapira ta kakuwatanku, kok aku bisa tahan,lan apa ta wekasaning awakku, kok aku isih kudu nyabarake?

12. Apa kakuwatanku iku kaya watu?Apa dagingku kaya prunggu?

13. Rak wus ora ana pitulungan babar pisan tumrap aku,lan kaslametan wus adoh saka aku?

14. Wong kang ora welas marang pepadhane,iku nglirwakake pangabekti marang Kang Mahakuwasa.

15. Sadulurku padha ora kena diandel kaya kali,kaya santering banyu kang metu saka dhasare kali,

16. kang buthek marga banyune njendhel,salju kang ana ing njerone dadi ajer,

17. kang ing mangsa panas padha surud,samangsa kena ing dayane panas tumuli asat ana ing panggonane;

18. iline menggak-menggok,anjog ana ing pasamunan banjur mati.

19. Kapilah kang saka ing Tema padha ngungak-ungak,para sudagar ing Syeba padha ngarep-arep,

maca bab lengkap Ayub 6