Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 6:18-30 Kitab Sutji (JAV)

18. iline menggak-menggok,anjog ana ing pasamunan banjur mati.

19. Kapilah kang saka ing Tema padha ngungak-ungak,para sudagar ing Syeba padha ngarep-arep,

20. nanging padha kecuwan marga saka manut kayakinane,satekane ing kana bakal kapusan.

21. Iya kaya mangkono iku kowe kabeh saikine tumrap aku,nalika kowe padha nyumurupi kaanan kang nggegirisi, banjur padha kaget.

22. Apa aku tau kandha: Nggawaa oleh-oleh,sarta: Aku wenehana dhuwit reruba saka bandhamu,

23. utawa: Aku luwarana saka tangane kang nganiaya,lan: Aku tebusen saka tangane kang misesa?

24. Aku wulangen, temah aku bakal meneng;aku sumurupna kang dadi kaluputanku.

25. Iba gedhene sawabe pitutur kang jujur!Nanging apa tegese pamelehmu iku?

26. Apa karepmu iku nacad tembung?Apa tembunge wong kang entek pangarep-arepe iku dianggep angin?

27. Malah kowe padha mbuwang undhi tumrap marang bocah lola,dene mitramu kokdadekake barang dagangan.

28. Nanging saiki aku sawangen;aku rak ora bakal ngapusi kowe.

29. Padha salina pangrasa ta, ja nganti ana kaculikan kang tumindak;iya padha salina pangrasa, aku iki nyata-nyata bener.

30. Ing ilatku apa ana durakane?Cethakku apa ora bisa mbedak-mbedakake kasangsaran?”

maca bab lengkap Ayub 6