Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 6:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Iku kang isih dadi panglipur tumrap aku,malah aku bakal lincak-lincak marga saka bungahku.ing sajrone aku nandhang sangsara kang tanpa piwelas iku,sabab aku ora tau nyelaki pangandikane Kang Mahasuci.

11. Sapira ta kakuwatanku, kok aku bisa tahan,lan apa ta wekasaning awakku, kok aku isih kudu nyabarake?

12. Apa kakuwatanku iku kaya watu?Apa dagingku kaya prunggu?

13. Rak wus ora ana pitulungan babar pisan tumrap aku,lan kaslametan wus adoh saka aku?

14. Wong kang ora welas marang pepadhane,iku nglirwakake pangabekti marang Kang Mahakuwasa.

15. Sadulurku padha ora kena diandel kaya kali,kaya santering banyu kang metu saka dhasare kali,

16. kang buthek marga banyune njendhel,salju kang ana ing njerone dadi ajer,

maca bab lengkap Ayub 6