Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 5:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. nanging manungsa iku anggone lair ginadhang marang kasusahan,kaya pletiking geni kang mumbul.

8. Nanging yen aku mesthi ngupaya Gusti Allah,sarta mitayakake prakaraku marang Pangeran,

9. kang nindakake pakaryan-pakaryan kang agung, kang ora kena kinayangapa,tuwin kaelokan tanpa wilangan;

10. kang paring udan marang bumilan banyu marang pategalan;

11. Wong asor kasengkakake marang kaluhuran,tuwin wong prihatin pinaringan pitulungan kang santosa.

12. Rancangane wong culika kagagalake,satemah pambudidayane tangane ora oleh gawe.

13. Para wong wasis dicepeng sajroning kaculikane dhewe,lan kekarepane wong julig ora bakal ketutugan.

14. Ing wayah awan padha kesaput ing pepeteng,lan samangsa tengange gagap-gagap kaya ing wayah bengi.

15. Nanging wong papa iku padha diluwari saka ing cangkeme kang nggegirisi,tuwin saka ing tangane wong kang santosa.

16. Marga saka mangkono wong cilik duwe pangarep-arep,sarta cangkeme kadursilan kabungkem.

17. Sanyatane rahayu wong kang winelehake dening Allah;mulane aja nampik pamerdine Kang Mahakuwasa.

maca bab lengkap Ayub 5