6. Awit cilaka iku pinangkane ora saka ing lebu,lan ora saka ing bumi tuwuhe kasusahan;
7. nanging manungsa iku anggone lair ginadhang marang kasusahan,kaya pletiking geni kang mumbul.
8. Nanging yen aku mesthi ngupaya Gusti Allah,sarta mitayakake prakaraku marang Pangeran,
9. kang nindakake pakaryan-pakaryan kang agung, kang ora kena kinayangapa,tuwin kaelokan tanpa wilangan;
10. kang paring udan marang bumilan banyu marang pategalan;
11. Wong asor kasengkakake marang kaluhuran,tuwin wong prihatin pinaringan pitulungan kang santosa.