Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 5:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. Awit sanyatane wong bodho iku pinatenan dening kanepsone dhewe,sarta wong kang tanpa nalar iku kasirnakake dening kamerening atine dhewe.

3. Aku dhewe wus tau weruh wong bodho kang metu oyode,nanging enggal-enggal dakipat-ipati omahe.

4. Anake padha ora kapitulungan,padha kaidak-idak ana ing saketheng,ora ana kang mitulungi.

5. Undhuh-undhuhane dipangan nganti entek dening wong keluwen,malah direbut saka ing satengahe eri,sarta wong kang ngelak padha melik marang barang-darbeke.

6. Awit cilaka iku pinangkane ora saka ing lebu,lan ora saka ing bumi tuwuhe kasusahan;

7. nanging manungsa iku anggone lair ginadhang marang kasusahan,kaya pletiking geni kang mumbul.

8. Nanging yen aku mesthi ngupaya Gusti Allah,sarta mitayakake prakaraku marang Pangeran,

9. kang nindakake pakaryan-pakaryan kang agung, kang ora kena kinayangapa,tuwin kaelokan tanpa wilangan;

10. kang paring udan marang bumilan banyu marang pategalan;

maca bab lengkap Ayub 5