Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 5:16-27 Kitab Sutji (JAV)

16. Marga saka mangkono wong cilik duwe pangarep-arep,sarta cangkeme kadursilan kabungkem.

17. Sanyatane rahayu wong kang winelehake dening Allah;mulane aja nampik pamerdine Kang Mahakuwasa.

18. Awit Gusti Allah kang natoni, nanging kang mblebed uga;iya natoni, nanging astane nyarasake.

19. Sajroning karubedan nem warna kowe mesthi dipitulungi,bareng tekane kang kapitu ora nganti ginepok ing cilaka.

20. Sajroning pailan kowe diluwari saka ing pati,lan sajroning perang saka ing pamisesane pedhang.

21. Kowe mesthi kaaling-alingan supaya ora kena ing pamecuting ilat,sarta kowe ora usah wedi marang tekane karusakan.

22. Karusakan lan pailan bakal kokesemi,tuwin kewan alasan ora bakal kokwedeni.

23. Awit kowe mesthi bakal nganakake prajanjian karo watu-watu ing ara-ara,sarta kewan-kewan ing ara-ara bakal padha rukun karo kowe.

24. Kowe mesthi bakal ngalami tentrem ana ing tarubmulan manawa kowe niti-priksa omahmu, mesthi ora ana apa-apa kang ilang.

25. Karo maneh bakal ngalami turunmu dadi akehtuwin wijimu kaya suket ing bumi.

26. Anggonmu mudhun marang ing kluwat manawa kowe wus tuwa banget,kaya tumpukan gandum kang kasimpen marga wus wancine.

27. Lah ta iku kabeh wus padha daksatitekake, pancen mangkono kaanane;bab iku rasakna lan titenana!”

maca bab lengkap Ayub 5