Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 38:27-38 Kitab Sutji (JAV)

27. sarta supaya pasamunan lan tanah kang ludhes padha kawareganapadene suket-suket padha thukul seger?

28. Apa udan iku ana bapakne?Sarta sapa kang nganakake tetesing ebun?

29. Es iku metu saka ing guwa-garbane sapa,lan ebun kang njendhel ing langit iku sapa kang nglairake?

30. Banyu njendhel nganti kaya watu,lan lumahing samodra dadi atos.

31. Apa sira bisa mbundheli talining lintang Wuluh,lan nguculi bebandaning lintang Wluku?

32. Apa sira bisa ngetokake lintang Bima Suci ing kala mangsane,lan nuntun lakune lintang Prau saanak-anake?

33. Apa sira nyumurupi pranataning langitsarta netepake anggone mrentah ana ing bumi?

34. Apa sira bisa ngulukake swaranira nganti tekan ing mega,temah sira banjur kebanjiran?

35. Apa sira bisa nglepasake kilat, temah padha samber-samberankalawan calathu marang sira: Sandika?

36. Sapa kang ndunungake kawicaksanan ana ing megautawa sapa kang paring budi marang mendhung?

37. Sapa bisa ngetung mendhung kalawan kawicaksanan,lan sapa kang bisa nyuntak ejuning langit,

38. nalika lebu njendhel dadi logamtuwin prongkalan lemah padha lelengketan dadi siji?

maca bab lengkap Ayub 38