Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 38:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang Ayub saka ing sajroning prahara, pangandikane:

2. “Sapa ta kang gawe petenging pepesthenkalawan pangucap kang tanpa pamikir?

3. Mara rumantia dikaya wong lanang!Sira Sundangu, Ingsun unjukana pratela.

4. Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi.Munjuka manawa sira mangreti!

5. Sapa kang nemtokake ukurane --Sira rak sumurup? --Tuwin sapa kang menthang tali ukurane?

6. Pilar-pilare tumancep ing ngendilan sapa kang masang watu pojokan,

7. ing nalikane lintang-lintang esuk padha asuka-rena bebarengantuwin para putraning Allah padha asurak-surak?

8. Sapa kang mbendung sagara kalawan plawangannalika lagi kumrasak metu saka ing guwa-garba,

9. nalika Sunkaryakake mega minangka sandhanganetuwin pepeteng minangka gegedhonge;

10. nalika Ingsun nemtokake watese,sarta masang slarak lan lawang;

11. nalika Ingsun ngandika: Tekan ing kene bae, aja kliwat,ana ing kene alunira kang gumunggung bakal padha katambak!

12. Ing sajroning uripira apa sira tau ngundang marang gagat-rainalan mrenahake bangbang wetan,

13. supaya padha nyekel poncoting bumisarta ngebutake wong duraka?

14. Bumi mau banjur salin rupa dadi lempung kang diecap,samubarang kabeh awujud kaya busana.

15. Para wong duraka padha kailangan pepadhange,tangan kang kaacungake katugel.

maca bab lengkap Ayub 38