Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 36:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Aku arep ngetokake kawruhku kang muluk-muluksarta mbenerake kang nitahake aku;

4. awit sanyata ora goroh tembungku,kang arep-arepan karo kowe iki wong kang sampurna kawruhe.

5. Sumurupa, Gusti Allah iku prakosa, nanging ora ana barang kang karemehake,prakosane iku ing bab kakuwataning akal-budi.

6. Wong duraka ora padha dilestarekake urip,nanging wong kang sangsara padha kaparingan kaadilan.

7. Panjenengane ora menga-mengo anggone mirsani marang wong bener,nanging iku salawas-lawase padha kaparingan papan sandhing para raja ana ing dhampar,satemah padha linuwih kaluhurane.

8. Manawa padha kablenggu kalawan rantetinalen ing kasangsaran,

9. Gusti Allah banjur ngengetake marang panggawenelan panerake, yaiku anggone gumunggung

10. sarta nuli kupinge kawengakake supaya bisa nampani piwulang,tuwin dhawuh supaya padha ngungkurake piala.

maca bab lengkap Ayub 36