Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 36:21-26 Kitab Sutji (JAV)

21. Kowe sing ngati-ati aja nganti madhep marang pialaamarga iya iku kang njalari kowe kacoba dening sangsara.

22. Sanyatane Gusti Allah iku luhur pangwasane,endi ana guru kang madhani Panjenengane?

23. Sapa kang nemtokake margine,lan sapa kang wani munjuk: Paduka sampun tumindak boten adil?

24. Elinga manawa kowe kudu ngluhurake pakaryane,kang tansah dikidungake dening manungsa.

25. Kabeh wong padha ndeleng,anggone mandeng saka ing kadohan.

26. Sanyata Gusti Allah iku agung, ora kena kagayuh kalawan kawruh kita,cacahing taune ora bisa kasumurupan.

maca bab lengkap Ayub 36