Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 36:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. panasing ati aja nganti mbujuk kowe supaya memada,lan gedhening panebus aja nganti nasarake kowe.

19. Apa kasugihanmu bisa nguwalake kowe saka ing karupekan,utawa sakehing kakuwatan anggonmu rekasa?

20. Aja cecengklungen marang bengiwancine para bangsa padha lunga saka ing papan padunungane.

21. Kowe sing ngati-ati aja nganti madhep marang pialaamarga iya iku kang njalari kowe kacoba dening sangsara.

22. Sanyatane Gusti Allah iku luhur pangwasane,endi ana guru kang madhani Panjenengane?

23. Sapa kang nemtokake margine,lan sapa kang wani munjuk: Paduka sampun tumindak boten adil?

24. Elinga manawa kowe kudu ngluhurake pakaryane,kang tansah dikidungake dening manungsa.

25. Kabeh wong padha ndeleng,anggone mandeng saka ing kadohan.

26. Sanyata Gusti Allah iku agung, ora kena kagayuh kalawan kawruh kita,cacahing taune ora bisa kasumurupan.

27. Tetes-tetesing banyu katarik munggah,lan mancur dadi udan awor pedhut,

maca bab lengkap Ayub 36