Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 36:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Manawa padha ngrungokake kalawan sumuyud,uripe bakal sinandhangan ing kabegjan ing salawase,sarta mukti nganti tekan ing wekasaning taune.

12. Ewasamono manawa padha ora ngrungokakemesthi bakal padha mati kena ing tumbaksarta sirna ing sajroning kabodhoane.

13. Para wong kang atine duraka iku padha nyimpen bebendu;lan ora gelem sesambat manawa kablenggu dening Panjenengane;

14. nyawane sirna sajrone isih enom,uripe cuthel durung wancine.

15. Wong sangsara diuwalake sarana sangsara,kupinge kawengakake sarana panindhes.

16. Kowe uga karimuk bisane metu saka ing karupekanmenyang ing papan kang omber kang sepi ing panindhes,marang meja kang swasanane tentrem lan kang kebak pangan kang nggajih.

17. Nanging kowe wus samesthine tampa kabeh paukumane wong duraka,kowe kacengkerem dening paukuman lan kaadilan;

18. panasing ati aja nganti mbujuk kowe supaya memada,lan gedhening panebus aja nganti nasarake kowe.

19. Apa kasugihanmu bisa nguwalake kowe saka ing karupekan,utawa sakehing kakuwatan anggonmu rekasa?

maca bab lengkap Ayub 36