Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 36:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Elihu calathu maneh, tembunge:

2. “Sing sabar sadhela engkas, kowe arep dakwulang,awit isih ana kang arep dakkandhakake atas asmane Gusti Allah.

3. Aku arep ngetokake kawruhku kang muluk-muluksarta mbenerake kang nitahake aku;

4. awit sanyata ora goroh tembungku,kang arep-arepan karo kowe iki wong kang sampurna kawruhe.

5. Sumurupa, Gusti Allah iku prakosa, nanging ora ana barang kang karemehake,prakosane iku ing bab kakuwataning akal-budi.

6. Wong duraka ora padha dilestarekake urip,nanging wong kang sangsara padha kaparingan kaadilan.

7. Panjenengane ora menga-mengo anggone mirsani marang wong bener,nanging iku salawas-lawase padha kaparingan papan sandhing para raja ana ing dhampar,satemah padha linuwih kaluhurane.

8. Manawa padha kablenggu kalawan rantetinalen ing kasangsaran,

maca bab lengkap Ayub 36