Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 35:9-14 Kitab Sutji (JAV)

9. Wong ngadhuh-adhuh iku marga saka kaebyukan ing panganiaya,sambat-sambat marga saka panindhese para wong kang kwasa;

10. nanging wong ora takon: Ana ing ngendi Gusti Allah kang nitahake aku,lan kang paring kidung pamuji ing wayah bengi;

11. kang maringi kita akal-budi ngungkuli kewan ing bumi,lan kawicaksanan ngungkuli manuk ing awang-awang?

12. Ing kono wong padha sesambat, nanging Panjenengane ora paring wangsulan,marga saka gumunggunge para wong ala.

13. Sanyata pasambat kang tanpa isi iku ora dipiyarsakake dening Gusti Allahlan ora dipreduli dening Kang Mahakwasa.

14. Saya maneh yen kowe calathu, manawa kowe ora ndeleng Panjenengane,manawa prakaramu wus katur ing ngarsane,

maca bab lengkap Ayub 35