Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 34:26-37 Kitab Sutji (JAV)

26. padha digebagi marga saka durakane ana ing ngedhengan,

27. awit padha ninggal Panjenenganelan ora ana kang mreduli marang karsane,

28. njalari panjeriting wong miskinsumengka marang ing ngarsane,sarta Panjenengane iku karsa midhangetake panjeriting wong sangsara.

29. Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman?Manawa ngumpetake pasuryane,sapa kang bakal sumurup Panjenengane,sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? --,

30. iku supaya wong duraka aja dadi ratu,kang mesthi banjur dadi kala-jirete wong akeh.

31. Nanging manawa ana panunggalane kang munjuk marang Gusti Allah:Kawula sampun ngegungaken badan kawula,nanging salajengipun boten badhe nglampahi piawon malih.

32. kawula mugi kaparingana piwulang bab ingkang kawula dereng mangretos;manawi kawula sampun tumindak culika,kawula boten badhe tumindak makaten malih.

33. Manut pangrasamu apa Gusti Allah kudu ndhawahake piwales?Awit kowe nglairake panacad.Dadine iya kowe kang kudu mutus, dudu aku;mara kandhakna apa kang koksumurupi!

34. Wong kang padha kadunungan akal-budilan wong kang wicaksanakang ngrungokake gunemku iku bakal calathu marang aku:

35. Ayub iki enggone calathu tanpa kawruhlan tembung-tembunge ora isi pangreten.

36. Ah, Ayub iku muga-muga katutugna anggone kacoba,awit anggone mangsuli kaya wong dursila,

37. sarta muwuhi dosane kalawan panerak,ana ing tengahku kabeh ngepelake tanganelan akeh anggone mabeni marang Allah.”

maca bab lengkap Ayub 34