Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 34:18-29 Kitab Sutji (JAV)

18. kang ngandika marang raja: He, wong dursila,tuwin marang para luhur: He, wong duraka;

19. Panjenengane kang ora ngeloni para penggedhe,sarta ora mbedakake wong luhur karo wong cilik,amarga iku kabeh padha pakaryaning astane?

20. Ing sakedhap netra iku padha mati, ing wayah tengah wengiwong padha digawe geger lan banjur tumpes;wong kang santosa padha kasirnakake ora dening tanganing wong.

21. Amarga paningale mirsani lakuning manungsa,tuwin nguningani tumapaking sikile kabeh.

22. Ora ana pepeteng utawa palimengan,kang dadi pandhelikaning wong ala.

23. Awit Panjenengane ora nemtokake wektune wonganggone bakal sowan ing ngarsaning pangadilane,

24. wong prakosa padha diremuk tanpa kapriksa,lan wong liyane padha kaangkat minangka gegentine.

25. Dadi tetela yen Gusti Allah iku mirsa sabarang tindak-tanduke,sarta ing wayah bengi padha digolingake temah padha lebur,

26. padha digebagi marga saka durakane ana ing ngedhengan,

27. awit padha ninggal Panjenenganelan ora ana kang mreduli marang karsane,

28. njalari panjeriting wong miskinsumengka marang ing ngarsane,sarta Panjenengane iku karsa midhangetake panjeriting wong sangsara.

29. Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman?Manawa ngumpetake pasuryane,sapa kang bakal sumurup Panjenengane,sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? --,

maca bab lengkap Ayub 34