Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 34:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Mulane he para wong kang kadunungan akal-budi, padha rungokna pituturku:nglengkara yen Gusti Allah nindakake piala,utawa yen Kang Mahakwasa tumindak culika,

11. nanging manungsa mesthi tampa piwales tumrap panggawene,sarta damel supaya saben wong nemahi kang timbang karo tumindake.

12. Sanyatane Gusti Allah iku ora tumindak luput,Kang Mahakwasa ora mbengkokake kaadilan.

13. Sapa kang mitayakake bumi marang Panjenengane?Sapa kang nitahake jagad iki kabeh?

14. Saupama nggalih marang manungsa,sarta banjur mundhut wangsul roh lan napas kang wus diparingake,

15. wus mesthi kabeh kang urip bebarengan padha pecat nyawane,tuwin manungsa bali dadi lebu.

16. Mulane manawa kowe duwe pangreten, kandhaku iki rungokna,tilingna calathuku.

17. Wong kang sengit marang kaadilan apa bisa nyekel pangwasa,lan apa kowe gelem ngluputakePanjenengane kanga adil lan kang prakosa;

18. kang ngandika marang raja: He, wong dursila,tuwin marang para luhur: He, wong duraka;

19. Panjenengane kang ora ngeloni para penggedhe,sarta ora mbedakake wong luhur karo wong cilik,amarga iku kabeh padha pakaryaning astane?

20. Ing sakedhap netra iku padha mati, ing wayah tengah wengiwong padha digawe geger lan banjur tumpes;wong kang santosa padha kasirnakake ora dening tanganing wong.

21. Amarga paningale mirsani lakuning manungsa,tuwin nguningani tumapaking sikile kabeh.

maca bab lengkap Ayub 34