Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 34:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Elihu banjur calathu:

2. “He para wong wicaksana pituturku padha rungokna.He wong kang kadunungan akal-budi,padha nilingna kuping marang aku,

3. awit kuping iku ngleler tetembungan,kayadene cethak ngrasakake pangan.

4. Prayogane kita nemtokake dhewe apa kang adil,netepake bebarengan apa kang becik.

5. Awit Ayub calathu: Aku bener,nanging Gusti Allah mundhut wewenangku;

6. sanadyan aku bener iya kaanggep goroh,sanadyan tanpa kaluputan, tatuku ora bisa mari.

7. Ngendi ana wong kaya Ayub,kang anggone seneng ngala-ala marang Allah kaya wong kasatan kang nuli ngombe banyu,

8. kang sekuthon karo para wong alalan srawungan karo wong duraka?

9. Amarga ana pangucape: Ora maedahi apa-apa tumrap manungsa,manawa ndadekake kaparenging Allah.

10. Mulane he para wong kang kadunungan akal-budi, padha rungokna pituturku:nglengkara yen Gusti Allah nindakake piala,utawa yen Kang Mahakwasa tumindak culika,

11. nanging manungsa mesthi tampa piwales tumrap panggawene,sarta damel supaya saben wong nemahi kang timbang karo tumindake.

12. Sanyatane Gusti Allah iku ora tumindak luput,Kang Mahakwasa ora mbengkokake kaadilan.

13. Sapa kang mitayakake bumi marang Panjenengane?Sapa kang nitahake jagad iki kabeh?

maca bab lengkap Ayub 34