1. Elihu banjur calathu:
2. “He para wong wicaksana pituturku padha rungokna.He wong kang kadunungan akal-budi,padha nilingna kuping marang aku,
3. awit kuping iku ngleler tetembungan,kayadene cethak ngrasakake pangan.
4. Prayogane kita nemtokake dhewe apa kang adil,netepake bebarengan apa kang becik.
5. Awit Ayub calathu: Aku bener,nanging Gusti Allah mundhut wewenangku;
6. sanadyan aku bener iya kaanggep goroh,sanadyan tanpa kaluputan, tatuku ora bisa mari.
7. Ngendi ana wong kaya Ayub,kang anggone seneng ngala-ala marang Allah kaya wong kasatan kang nuli ngombe banyu,
8. kang sekuthon karo para wong alalan srawungan karo wong duraka?
9. Amarga ana pangucape: Ora maedahi apa-apa tumrap manungsa,manawa ndadekake kaparenging Allah.
10. Mulane he para wong kang kadunungan akal-budi, padha rungokna pituturku:nglengkara yen Gusti Allah nindakake piala,utawa yen Kang Mahakwasa tumindak culika,