Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 32:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Nanging Elihu nyrantekake anggone arep rembugan karo Ayub; mulane mangkono awit mitra telu mau luwih tuwa tinimbang dheweke.

5. Nanging bareng weruh yen tutuke wong telu iku wis ora mangsuli maneh, banjur thukul nepsune.

6. Mangkene calathune Elihu bin Barakheel, wong Bus mau:“Aku isih enom, dene kowe wus padha uwanen,mulane aku pakewuh lan wedi nglairake panemuku marang kowe.

7. Pangrasaku mangkene: Wong kang wus padha tuwa iku becike padha aweh pitutur,lan kang wus akeh cacahe taune iku padha ngandharake bab kawicaksanan.

8. Nanging roh kang ana ing manungsalan napase Kang Mahakwasa, iku kang paring pangreten.

9. Dudu wong kang wus akeh umure kang kadunungan kawicaksanan,dudu wong kang wus tuwa kang ngreti marang kaadilan.

10. Mulane rembugku: Rungokna gunemku,aku uga arep nglairake panemuku.

11. Sumurupa, aku wus nganti-anti marang calathumu,aku wus nggatekake pamikirmu,nganti kowe padha bisa nemu tembung-tembung kang trep.

12. Kalawan titi anggonku ngrungokake calathumu,nanging sanyatane ora ana kang nelakake lupute Ayub,kowe kabeh ora ana kang nglawan katrangan-katrangane.

13. Saikine kowe aja padha kandha mangkene: Aku wus padha nemu kawicaksanan;mung Gusti Allah kang kwaos ngalahake Ayub dudu manungsa.

14. Tembunge ora tumuju marang aku,lan aku ora bakal mangsuli kalawan migunakake bantahanmu.

15. Wong mau padha legeg-legeg ora bisa aweh wangsulan maneh,ora bisa ngucap satembung-tembunga.

maca bab lengkap Ayub 32