Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 32:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Sumurupa, aku wus nganti-anti marang calathumu,aku wus nggatekake pamikirmu,nganti kowe padha bisa nemu tembung-tembung kang trep.

12. Kalawan titi anggonku ngrungokake calathumu,nanging sanyatane ora ana kang nelakake lupute Ayub,kowe kabeh ora ana kang nglawan katrangan-katrangane.

13. Saikine kowe aja padha kandha mangkene: Aku wus padha nemu kawicaksanan;mung Gusti Allah kang kwaos ngalahake Ayub dudu manungsa.

14. Tembunge ora tumuju marang aku,lan aku ora bakal mangsuli kalawan migunakake bantahanmu.

15. Wong mau padha legeg-legeg ora bisa aweh wangsulan maneh,ora bisa ngucap satembung-tembunga.

16. Apa aku isih kudu nganti-anti, marga wong-wong iku wus ora duwe pangucap,marga wus mandheg ora bisa mangsuli maneh?

17. Aku uga are aweh wangsulan ing giliranku,aku iya arep nglairake panemuku.

18. Awit aku kebak tetembungan,semangat kang ana ing aku ndhesek marang aku.

19. Satemene batinku iku kaya anggur kang ora ana dalane hawa,kayadene impes anyar kang arep bedhah.

20. Aku kudu calathu supaya lega,aku kudu mbukak lambeku lan aweh wangsulan.

21. Aku ora bakal ilon-ilonenlan ora bakal ngalembana sapa-sapa,

maca bab lengkap Ayub 32