Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 32:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing kono wong telu mau banjur nguwisi anggone mangsuli marang Ayub, marga Ayub ngarani bener awake dhewe;

2. temah Elihu bin Barakheel, wong Bus, saka darahe Ram, nepsu. Anggone nepsu marang Ayub iku awit nganggep awake dhewe luwih bener katimbang Gusti Allah.

3. Mitrane telu-telune uga dinepsoni, awit sanadyan wis ora bisa madoni, ewadene netepake kaluputane Ayub.

4. Nanging Elihu nyrantekake anggone arep rembugan karo Ayub; mulane mangkono awit mitra telu mau luwih tuwa tinimbang dheweke.

5. Nanging bareng weruh yen tutuke wong telu iku wis ora mangsuli maneh, banjur thukul nepsune.

6. Mangkene calathune Elihu bin Barakheel, wong Bus mau:“Aku isih enom, dene kowe wus padha uwanen,mulane aku pakewuh lan wedi nglairake panemuku marang kowe.

maca bab lengkap Ayub 32