Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 30:7-21 Kitab Sutji (JAV)

7. padha gereng-gereng ana ing satengahing gegrumbulan,pating gloso ana ing sangisoring lateng-lateng;

8. padha wong gemblung kang tanpa aji,kang wus digurak saka ing nagara.

9. Nanging aku saiki dadi uran-uran semonanlan pepoyokan tumrap wong-wong iku.

10. Aku dianggep njijiki, padha ngedohi akulan ora bisa ngampah anggone ngidoni raiku,

11. awit talining tarubku wis diuculi dening Gusti Allah sarta aku diesorakeapadene wong-wong padha tumindak tanpa rikuh-rikuh marang aku.

12. Ing satengenku muncul grombolan,kang mbanjur njegal sikilku,sarta masangi aku dalaning karusakan;

13. dalanku dibongkar-bongkar lan ngarah tibaku,ora ana kang ngalang-alangi tumindake.

14. Anggone nempuh kaya ngliwati lowahaning tembok kang amba;tekane gegrombolan gilir gumanti ana ing tengahing jugrugan.

15. Aku dibyuki ing pagiris,kamulyanku kabur sirna kayadene katut ing anginlan kabegjanku larud kaya mega.

16. Awit saka iku nyawaku lebur ana ing jeroku;aku katukup ing dina-dina kasangsaran.

17. Ing wayah bengi balung-balungku kaya dikrokoti,sarta rasa lara kaya dicocogi tanpa leren.

18. Sandhanganku suwek marga dening tindak keras kang ora bisa dilawan,mulane pating klewer ana ing awakku kaya kemeja.

19. Aku dijorogake dening Gusti Allah menyang ing jebloganlan rupaku wus kaya lebu lan awu.

20. Kawula sesambat nyuwun tulung dhateng Paduka, nanging Paduka boten paring wangsulan,kawula ngadeg ngantos-antos,nanging Paduka boten mreduli dhateng kawula.

21. Paduka santun dados ambek-siya dhumateng kawula,kawula Paduka mengsah kalayan kakiyataning asta Paduka

maca bab lengkap Ayub 30