Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 30:20-31 Kitab Sutji (JAV)

20. Kawula sesambat nyuwun tulung dhateng Paduka, nanging Paduka boten paring wangsulan,kawula ngadeg ngantos-antos,nanging Paduka boten mreduli dhateng kawula.

21. Paduka santun dados ambek-siya dhumateng kawula,kawula Paduka mengsah kalayan kakiyataning asta Paduka

22. kawula Paduka tumpangaken ing angin saha lajeng kabur,nunten Paduka lebur wonten ing salebeting prahara.

23. Inggih kawula mangretos, kawula Paduka purugaken dhateng ing pejah,dhateng papan paklempakaning sadaya ingkang gesang.

24. Lah apa iya wong ora bakal mulungake tangane marang kang ambruk,manawa ing sajroninng kacilakane ora ana kang nulungi?

25. Aku rak iya nangis marga saka anane wong kang karupekan?Atiku rak susah marga saka sumurup wong miskin?

26. Aku nganti-anti marang kang becik, nanging piala kang teka;aku ngarep-arep pepadhang, nanging pepeteng kang teka.

27. Batinku molak-malik tanpa leren,aku katempuh ing dina-dina kasangsaran.

28. Aku klambrangan kalawan sedhih, ora bisa lipur;aku ngadeg ing satengahing wong-wong kang padha nglumpuk kalawan sesambat njaluk tulung.

29. Aku wus dadi sadulure asu ajaglan kancane manuk unta.

30. Kulitku dadi ireng lan nglokop-nglokop saka ing awakku,balung-balungku dadi garing marga saka lara panas.

31. Clempungku ngunekake lagu tangisan,lan unining sulingku memper swaraning wong nangis.”

maca bab lengkap Ayub 30