Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 29:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. Wong dursila dakremuk untune,lan memangsane dakrebut saka ing cangkeme.

18. Osikku mangkene: Aku bakal sirna bareng karo susuhku,lan ngakehake dinaku kaya manuk feniks.

19. Oyodku tekan ing banyu,lan pang-pangku padha kainepan ebun.

20. Aku tansah kadunungan kamulyan kang seger,sarta gandhewaku pulih nom ana ing tanganku.

21. Wong padha ngrungokake sapituturku kalawan panganti-anti,padha nampani pituduhku kalawan meneng.

22. Sarampunging pituturku, ora ana wong kang calathu maneh,sarta tembung-tembungku padha tumetes marang wong-wong mau.

23. Aku diarep-arep kayadene ngenteni tibane udan,tuwin padha ngangapake cangkeme kaya nadhahi udan kiriman.

24. Padha daksumehi manawa padha semplah,lan padha ora bisa nyuremake cahyaning raiku.

25. Aku kang nemtokake dalane lan dadi pemimpine.Aku lungguh kaya ratu ana ing satengahing rakyat,kayadene wong kang nglipur marang kang padha nandhang susah.”

maca bab lengkap Ayub 29