Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 29:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Wong kang arep nemu bilai ngucapake berkah marang aku,sarta aku gawe bungahing atine randha.

14. Kabeneran kang dadi sandhangankutuwin aku nganggo kaadilan kayajubah lan sreban.

15. Aku dadi mripat tumrap wong wuta,sarta dadi sikil tumrap wong lumpuh.

16. Aku dadi bapa tumrap wong miskin,tuwin prakarane wong kang dudu kawanuhanku daktiti-priksa.

17. Wong dursila dakremuk untune,lan memangsane dakrebut saka ing cangkeme.

18. Osikku mangkene: Aku bakal sirna bareng karo susuhku,lan ngakehake dinaku kaya manuk feniks.

19. Oyodku tekan ing banyu,lan pang-pangku padha kainepan ebun.

20. Aku tansah kadunungan kamulyan kang seger,sarta gandhewaku pulih nom ana ing tanganku.

21. Wong padha ngrungokake sapituturku kalawan panganti-anti,padha nampani pituduhku kalawan meneng.

22. Sarampunging pituturku, ora ana wong kang calathu maneh,sarta tembung-tembungku padha tumetes marang wong-wong mau.

23. Aku diarep-arep kayadene ngenteni tibane udan,tuwin padha ngangapake cangkeme kaya nadhahi udan kiriman.

24. Padha daksumehi manawa padha semplah,lan padha ora bisa nyuremake cahyaning raiku.

maca bab lengkap Ayub 29