Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 29:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Ayub tumuli mbacutake andharane, calathune:

2. “Ah, bok iya aku kaya sasi-sasi kang kepungkur,kaya ing dina-dina nalika Gusti Allah rumeksa marang aku,

3. nalika dilahe mayungi sirahku,sarta kalawan sinuluhan ing padhange anggonku lumaku ing pepeteng;

4. kaya nalika mempeng-mempenging umurku,nalika tarubku kayoman ing pitepanganing Allah,

5. nalika Kang Mahakuwasa isih nunggil karo aku,tuwin aku rinubung ing anak-anakku,

6. nalika tapaking sikilku adus susu,lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.

7. Samangsa aku metu menyang ing sakethenging kutha,tuwin nata palungguhanku ana ing tengahing alun-alun,

8. para nonoman bareng weruh tekaku banjur padha mundur,dene para wong kang wus uwanen padha ngadeg mapan;

9. para panggedhe padha leren anggone gunemanpadha nutupi tutuke;

10. sidhem swarane para pangarep,ilate kraket ing cethake.

11. Samangsa kuping krungu bab aku, aku banjur diarani rahayu,lan saben mripat kang ndeleng, aku mesthi dialembana.

12. Awit wong kang sangsara kang njaluk tulung iya banjur dakpitulungi,samono uga bocah lola lan wong kang sepi ing pitulungan.

maca bab lengkap Ayub 29