1. Ayub tumuli mbacutake andharane, calathune:
2. “Ah, bok iya aku kaya sasi-sasi kang kepungkur,kaya ing dina-dina nalika Gusti Allah rumeksa marang aku,
3. nalika dilahe mayungi sirahku,sarta kalawan sinuluhan ing padhange anggonku lumaku ing pepeteng;
4. kaya nalika mempeng-mempenging umurku,nalika tarubku kayoman ing pitepanganing Allah,
5. nalika Kang Mahakuwasa isih nunggil karo aku,tuwin aku rinubung ing anak-anakku,
6. nalika tapaking sikilku adus susu,lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.
7. Samangsa aku metu menyang ing sakethenging kutha,tuwin nata palungguhanku ana ing tengahing alun-alun,
8. para nonoman bareng weruh tekaku banjur padha mundur,dene para wong kang wus uwanen padha ngadeg mapan;
9. para panggedhe padha leren anggone gunemanpadha nutupi tutuke;
10. sidhem swarane para pangarep,ilate kraket ing cethake.
11. Samangsa kuping krungu bab aku, aku banjur diarani rahayu,lan saben mripat kang ndeleng, aku mesthi dialembana.