Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 27:1-17 Kitab Sutji (JAV)

1. Ayub mbacutake andharane, tembunge:

2. “Demi Allah kang ora paring kaadilan marang akulan demi Kang Mahakuwasa kang nandukake pait-getir marang nyawaku,

3. salawase ambekanku durung suda,sarta napas kang saka ing Gusti Allah isih ana ing irungku,

4. lambeku sanyata ora bakal ngucapake kang doralan ilatku ora bakal nglairake kaculikan.

5. Aku babar pisan ora mbenerake kowe!Nganti aku mati aku tetep ngukuhi, yen aku ora luput.

6. Kabeneranku dakgondheli kenceng, lan ora bakal dakeculake;atiku ora bisa nacad dinane uripku siji-sijia.

7. Mungsuhku cikben ngrasakake kaya wong duraka,lan wong kang nglawan marang aku kaya wong culika.

8. Awit apa ta pangarep-arepe wong duraka,manawa Gusti Allah munggel lan mundhut uripe?

9. Apa Gusti Allah bakal midhangetake panjerite,manawa ketaman ing karupekan?

10. Apa bisa seneng-seneng marga saka Kang Mahakuwasasarta tansah nyebut marang Gusti Allah?

11. Aku arep nyumurupake marang kowe bab astaning Allah,apa kang dikarsakake dening Kang Mahakuwasa ora bakal daksidhem.

12. Sabenere kowe kabeh wus padha nyumurupi dhewe;yagene kowe padha mikir kang ora-ora?

13. Yaiki pandumane wong duraka kang katemtokake dening Gusti Allah,lan ganjarane wong ambek-siya peparinge Kang Mahakuwasa:

14. manawa anake dadi akeh padha dadi pakaning pedhangsarta anak-putune bakal kekurangan pangan.

15. Dene kang isih urip bakal mudhun marang kluwat marga saka pageblug,ora kalawan ditangisi dening randhane.

16. Manawa numpuk bandha kehe nganti kaya lebu,lan numpuk sandhangan nganti kaya lempung,

17. sanadyan dheweke kang numpuk,nanging kang nganggo wong kang bener,sarta wong kang ora salah kang bakal ngedum-edum dhuwite iku.

maca bab lengkap Ayub 27