Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 24:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. awit tumraping wong-wong iku peteng iku esuk,lan wus padha kulina marang peteng ndhedhet kang nggegirisi.

18. Padha keli ana ing lumahing banyu,bageane kang ana ing bumi kena ing ipat-ipat;padha ora menyang ing pakebonane anggur maneh.

19. Banyuning salju kasirnakake dening ketiga ngerak lan panasing srengenge,kaya mangkono uga tumindaking jagading wong matimarang wong kang nglakoni dosa,

20. wus ora dielingi dening guwa-garbaning biyung,dikrikiti ing esetora ana kang ngelingi,dadine duraka iku tinugel kaya wit-witan.

21. Wong kang ngrayah darbeke wong gabug kang ora duwe anak,lan ora gawe becik marang randha,

22. malah wong-wong prakosa padha disered kalawan kakuwatane;iku tangi maneh, mangka uripe ora ana kang dijagakake.

23. Gusti Allah maringi katentreman kang dadi gondhelane,lan mirsani salakune.

24. Mung sadhela anggone padha sumengka nganti dhuwur nanging banjur wus ora ana.Padha diesorake nuli dadi alum kaya samubarang kabeh,tumuli pinunggel kaya pucuking dami.

25. Manawa ora mangkono anane, sapa kang wani madoni akulan ngapesake tembungku?”

maca bab lengkap Ayub 24