Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 24:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. Wong kang laku jina ngenteni wayah repet-repet,awit pamikire: Aku aja nganti kaweruhan ing wong;banjur raine dikudhungi.

16. Samangsa peteng padha mbabah omah,yen awan padha ndhelik,ora gelem ndeleng pepadhang,

17. awit tumraping wong-wong iku peteng iku esuk,lan wus padha kulina marang peteng ndhedhet kang nggegirisi.

18. Padha keli ana ing lumahing banyu,bageane kang ana ing bumi kena ing ipat-ipat;padha ora menyang ing pakebonane anggur maneh.

19. Banyuning salju kasirnakake dening ketiga ngerak lan panasing srengenge,kaya mangkono uga tumindaking jagading wong matimarang wong kang nglakoni dosa,

20. wus ora dielingi dening guwa-garbaning biyung,dikrikiti ing esetora ana kang ngelingi,dadine duraka iku tinugel kaya wit-witan.

21. Wong kang ngrayah darbeke wong gabug kang ora duwe anak,lan ora gawe becik marang randha,

maca bab lengkap Ayub 24