Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 24:1-17 Kitab Sutji (JAV)

1. “Yagene wektune pangadilan ora kapesthekake dening Kang Mahakuwasa?Yagene wong kang ngabekti ora sumurup ing dinane pangadilan?

2. Ana wong kang padha ngowahi watesing palemahan,kang ngrampas pepanthan kewan banjur diengon dhewe.

3. Kuldine bocah lola diinggatakelan sapine wadon randha digadhe.

4. Wong miskin padha disingkang-singkang,wong kesrakat ing sajroning nagara kepeksa padha ndhelik kabeh.

5. Lah kaya kuldi alas ing ara-ara samunanggone padha metu arep nyambut gawe golek pangan ing tanah bera kanggo anak-anake.

6. Ana ing pategalan padha njupuki panganing kewan,lan ana ing kebone anggur wong duraka padha methiki woh kekarene.

7. Padha nginep kalawan wuda, amarga ora duwe sandhangan,sarta ora duwe kemul ing wektu adhem;

8. padha klebus marga saka deresing udan ing pagunungan,lan sarehne ora ana papan kanggo ngeyub,banjur kepeksa ndhepipis ing parang.

9. Ana kang ngrebut bocah yatim saka ing susune biyunge,sarta nggadhe bayine wong miskin.

10. Padha klambrangan kalawan wuda, tanpa sandhangan,lan padha mikul gedheng-gedhengan gandum kalawan keluwen.

11. Padha mipit lenga ana ing antarane kebon rong guthekpadha ngiles-iles pamipitan anggur kalawan kasatan.

12. Padha krungu panggluruhe wong-wong kang wis meh mati saka ing kutha,lan panjeriting wong-wong kang nandhang tatu,nanging Gusti Allah ora miyarsakake pandongane.

13. Ana maneh golongan kang nyatru marang pepadhangkang ora sumurup marang margining Allahlan ora tetep ngambah ing lelurung pitedahe.

14. Sadurunge wayah bangun esuk durjana tumandang mateniwong kesrakat lan wong miskin,dene yen bengi tumindake kaya maling.

15. Wong kang laku jina ngenteni wayah repet-repet,awit pamikire: Aku aja nganti kaweruhan ing wong;banjur raine dikudhungi.

16. Samangsa peteng padha mbabah omah,yen awan padha ndhelik,ora gelem ndeleng pepadhang,

17. awit tumraping wong-wong iku peteng iku esuk,lan wus padha kulina marang peteng ndhedhet kang nggegirisi.

maca bab lengkap Ayub 24