Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 21:4-18 Kitab Sutji (JAV)

4. Apa marang manungsa anggonku sesambatsarta kapriye anggonku ora pegel atiku?

5. Aku ingetna, temah kowe bakal padha kaeramanlan nutup tutukmu kalawan tangan.

6. Manawa dakpikir, aku dadi wedilan awakku banjur gumeter.

7. Yagene wong duraka kok lestari urip,dadi tuwa, malah wuwuh-wuwuh kakuwatane?

8. Tansah rinubung ing anak putune,turune padha ana ing ngareping mripate.

9. Omahe padha tentrem, ora ana rasa wediora ketiban ing gebaging Allah.

10. Sapine lanang padha macek lan mesthi dadi,sapine wadon padha manak ora tau keluron.

11. Anak-anake lanang padha diumbar kaya pepanthan wedhus;anak-anake padha alincak-lincak,

12. padha tetembangan digameli trebang lan clempung,sarta padha bungah-bungah manut swaraning suling.

13. Sajege urip padha ngrasakake kamuktenlan kalawan tentrem anggone tumurun ing jagate wong mati.

14. Nanging ujare marang Gusti Allah: Sumingkira saka ing aku!Aku padha ora seneng nyumurupi dalan-dalanmu.

15. Kang Mahakuwasa iku sapa ta, dene aku kok padha kudu ngabekti marang Panjenengane,sarta apa gunane, manawa aku padha nyenyuwun marang Panjenengane?

16. Pancen, kabegjane iku ora dumunung ana ing tangane.Rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku.

17. Damare wong duraka iku kerep dipateni;padha ketaman ing sangsara,sarta padha kapanduman kasusahan dening Allah sajroning bendu.

18. Padha kaya dami ana ing ngareping angin,kaya mrambut kabur ing prahara.

maca bab lengkap Ayub 21