Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 21:16-27 Kitab Sutji (JAV)

16. Pancen, kabegjane iku ora dumunung ana ing tangane.Rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku.

17. Damare wong duraka iku kerep dipateni;padha ketaman ing sangsara,sarta padha kapanduman kasusahan dening Allah sajroning bendu.

18. Padha kaya dami ana ing ngareping angin,kaya mrambut kabur ing prahara.

19. Bilaine kasimpen dening Allah kanggo anak-anake.Prayogane wong iku dhewe kang diganjar dening Gusti Allah, supaya krasa,

20. prayogane mripate dhewe supaya nyumurupi karusakane,lan awake dhewe ngombe bebendune Kang Mahakuwasa!

21. Awit dheweke isih mreduli apa marang brayate sawuse mati,yen wus entek gunggunging sasine?

22. Mangsa Gusti Allah kok dicaosi piwulang dening manungsa,Panjenengane kang ngadili wong-wong mau saka ing ngaluhur!

23. Ana wong kang matine isih kadunungan kakuwatan pepak,kalawan tentrem lan santosa,

24. bangkekane lemu dening gajih,lan sungsume balung-balunge isih seger.

25. Ana maneh kang matine kalawan lara atine,lan ora tau ngrasakake kanikmatan.

26. Nanging kabeh padha sumeleh ing sajroning lemah,lan padha karubung ing set.

27. Lah aku wus sumurup, kang dadi pikiranmu,lan akal kaculikan kang kokrancang tumrap aku.

maca bab lengkap Ayub 21