Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 21:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging Ayub mangsuli, pangucape:

2. “Rungokna kang temenan ta calathuku,iku minangkaa panglipurmu.

3. Aku sabarana, aku dakcalathu,sawuse iku kowe padha kena memada.

4. Apa marang manungsa anggonku sesambatsarta kapriye anggonku ora pegel atiku?

5. Aku ingetna, temah kowe bakal padha kaeramanlan nutup tutukmu kalawan tangan.

6. Manawa dakpikir, aku dadi wedilan awakku banjur gumeter.

7. Yagene wong duraka kok lestari urip,dadi tuwa, malah wuwuh-wuwuh kakuwatane?

8. Tansah rinubung ing anak putune,turune padha ana ing ngareping mripate.

9. Omahe padha tentrem, ora ana rasa wediora ketiban ing gebaging Allah.

10. Sapine lanang padha macek lan mesthi dadi,sapine wadon padha manak ora tau keluron.

11. Anak-anake lanang padha diumbar kaya pepanthan wedhus;anak-anake padha alincak-lincak,

maca bab lengkap Ayub 21