Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 20:17-29 Kitab Sutji (JAV)

17. Wus ora diparengake oleh kasenengan saka kali-kalilan saka ing kali-kali kang mili madu lan susu.

18. Kudu mbalekake apa-apa kang wus kena ginayuh mulane ora nganti ngrasakake oleh-olehane iku;ora bisa ngenyam kauntungane anggone dedagangan.

19. Mulane mangkono awit wus gawe sangsarane wong miskin,banjur ditinggal nglenthar;ngrampas omah kang banjur ora dibangun.

20. Atine nyata-nyata ora tau tentrem,dheweke ora bakal bisa oncat kalawan nggawa raja-branane.

21. Ora ana barang kang bisa oncat saka ing kamurkane,mulane kabegjane ora bisa lestari.

22. Sanadyan sugih nganti luber-luber nanging atine kebak rasa kwatir;kasangsaran kang tumempuh nggegirisi banget.

23. Kanggo ngiseni wetengeGusti Allah ndhawahake bebendune kang mulad-mulad kang diudanake minangka pangane.

24. Sanadyan bisa ngoncati gegaman wesi,nanging banjur kena tinembus ing panah tembaga.

25. Panah mau kadudud lan metu saka ing gegerebedhoring panah katon gumilap metu saka ing rempelune.Wong mau banjur wedi banget.

26. Pepeteng wus cumawis kanggo dheweke,kang nuli kamangsa ing geni,geni kang ora dinamonan kang iya banjur nglebur apa kang isih kari ana ing tarube.

27. Pialane kabeber dening langit,sarta bumi tumuli gumregah nglawan marang dheweke.

28. Oleh-olehane pambudidayane kang ana ing omahe padha diangkutnganti entek kabeh ing dina bebenduning Allah.

29. Yaiku ganjaraning Allah marang wong duraka,panduman pusaka kang dijanjekake dening Allah marang wong mau.”

maca bab lengkap Ayub 20