Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 20:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Zofar wong Naama tumuli mangsuli, pangucape:

2. “Mulane aku kapeksa mangsuli,lan atiku wus ora sabar maneh.

3. Aku mentas krungu panutuh kang mirangake aku,nanging kang mangsuli aku iku akal-budi kang tanpa nalar.

4. Apa kowe durung nyumurupi iku kabeh wiwit jaman kuna mula,wiwit nalika manungsa dipapanake ana ing bumi,

5. manawa gambirane wong duraka iku ora awet,sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?

6. Sanadyan anggone ngunggul-unggulake kaluhurane nganti sundhul ing langit,lan sirahe nganti sundhul ing mega,

7. nanging bakal lebur ing salawase kayadene sesukere dhewe;wong kang tau ndeleng dheweke padha takon: Ana ngendi wong iku?

8. Bakal sirna kaya impen tanpa tilas,ilang kaya wewarnan ing wayah bengi,

9. ora katon maneh ing mripat kang ndeleng,lan papan padunungane ora bakal ndeleng maneh.

10. Anak-anake kepeksa golek sih-piwelas marang wong miskin,sarta tangane dhewe kudu ngulungake barang darbeke.

11. Sanadyan balung-balunge kebak karosaning wong anom,nanging iku iya bakal melu sumeleh ing lebu.

maca bab lengkap Ayub 20