Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 2:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuju ing sawijining dina, para putraning Allah padha seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Iblis nuli iya seba uga ana ing satengahe para putra mau.

2. Pandangune Sang Yehuwah marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Atur wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”

3. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Sira apa iya nggatekake marang abdiningSun Ayub? Awit ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala, sarta tetep anggone ngantepi ing katemenane, sanadyan sira wus ngojok-ojoki Ingsun supaya Ayub Suntumpes tanpa sabab.”

4. Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.

maca bab lengkap Ayub 2