Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 18:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Kuliting awake kamangsa ing lelara,malah gegelitaning awake padha kamangsa ing pambareping pati.

14. Dheweke diseret saka ing tarube,-- mangka iku panggonan kang nentremake -- banjur kagawa menyang ing ratuning pagiris.

15. Kang ana ing tarube mung kari apa kang ora ana gegayutane karo dheweke;papan padunungane kasawuran wlirang.

16. Oyode ing ngisor padha garing,lan pange ing dhuwur padha alum.

17. Pangeling-eling tumrap dheweke sirna saka ing bumi,ana ing dalan-dalan jenenge wus ora kasebut.

18. Dheweke ditundhung saka ing pepadhang menyang ing pepeteng,lan kabengkas saka ing donya,

19. ora bakal nduwe anak utawa putu ana ing satengahe bangsane,lan wong siji bae ora ana kang lestari urip ana ing papan panggonane.

20. Wong-wong Kulon bakal gumun ing bab patine,lan wong-wong Wetan bakal padha wedi.

21. Iya kaya mangkono iku tinemune papan panggonane wong kang lakune nasar,lan iya kaya mangkono iku kadadeane papan padunungane wong kang ora nganggep marang Gusti Allah.”

maca bab lengkap Ayub 18