Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 18:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing kono Bildad, wong Suah banjur mangsuli,calathune:

2. “Nganti pira lawase anggonmu ndedawa tembung;pikiranmu enggonen ta, aku banjur arep padha aweh pitutur.

3. Yagene aku kok padha dianggep kewan?Yagene aku padha kokanggep bodho?

4. Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu,apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang mingsed saka ing panggonane?

5. Ewasamono pepadhange wong duraka bakal kapatenan,lan urubing genine ora tetep sumunar.

6. Pepadhang ing sajroning tarube dadi peteng,lan diyane kang ana ing dhuwure mati.

7. Jangkahe kang santosa kaalang-alangan,lan panimbange dhewe njalari tibane,

8. awit sikile dhewe marakake klebu ing jaring,lan lakune liwat ing tutuping luwangan pasangan.

9. Tungkake kena ing kala,lan lakune banjur kandheg marga klebu ing jiret.

10. Jalaran kapasangan tali kang kapendhem ing lemah,dalan kang diliwati dipasangi kala.

11. Ing saparan-parane tansah katempuhlan kaoyak ing pagiris,

12. tansah dadi idham-idhamaning kasangsaran,lan karusakan nganti-anti marang tibane.

13. Kuliting awake kamangsa ing lelara,malah gegelitaning awake padha kamangsa ing pambareping pati.

14. Dheweke diseret saka ing tarube,-- mangka iku panggonan kang nentremake -- banjur kagawa menyang ing ratuning pagiris.

maca bab lengkap Ayub 18