Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 17:12-16 Kitab Sutji (JAV)

12. Bengi bakal padha didadekake awan:padhang bakal enggal jumedhul saka ing peteng,mangkono kandhane.

13. Manawa aku ngarepake jagade wong mati dadi omahku,nyawisake paturonku ana ing pepeteng,

14. sarta calathu marang luwang kuburan: Kowe iku bapakku,lan marang set: Biyungku tuwin sadulurku wadon,

15. banjur apa pangarep-arepku?Sapa kang sumurup manawa aku duwe pangarep-arep?

16. Iku bakal padha tumurun menyang ing dhasaring jagade wong mati,manawa aku padha bebarengan tumurun menyang ing sajroning lemah.”

maca bab lengkap Ayub 17