Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 16:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Aku urip kalawan tentrem, nanging aku banjur sinangsara,githokku diasta nuli aku dibanting,banjur katangekake kadadekake les-lesane.

13. Aku diudani ing panah,ginjelku padha cinublesan tanpa piwelas,rempeluku kawutahake ing bumi.

14. Aku dijuwing-juwing,aku ditempuh kaya dene wong prawira ing perang.

15. Aku wus ndondomi bagor kanggo nutupi kulitkusarta sunguku dakurugi lebu.

16. Raiku katon mbranang marga saka nangislan tlapukanku ketutupan ing peteng ndhedhet,

17. sanadyan tanganku ora kadunungan tindak ambek-siyatuwin pandongaku resik.

18. Heh bumi, getihku aja koktutupi,sarta panjeritku aja nganti oleh papan palerenan!

19. Sumurupa, saiki uga Seksiku ana ing swarga,kang nekseni aku ana ing ngaluhur.

20. Sanadyan aku dipoyoki dening mitra-mitrakunanging kalawan nangis mripatku tumenga marang Gusti Allah,

21. muga-muga Panjenengane karsaa ngrampungi prakara ing antarane manungsa lan Gusti Allahtuwin manungsa lan pepadhane.

22. Amarga gunggunging taun mung kari sathithiklan aku bakal metu ing dalan kang ora bakal dakbaleni maneh.

maca bab lengkap Ayub 16