Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 15:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Karodene kowe ngorakake pangabekti marang Gusti Allah,sarta ngurangi wedi-asihmu marang Gusti Allah.

5. Kaluputanmu kang mulang tutukmutuwin basane wong culika kang kokpilih,

6. tutukmu dhewe kang ngluputake kowe, dudu aku;lambemu dhewe kang melehake kowe.

7. Apa lairmu dadi manungsa kawitan?Anggonmu katitahake apa sadurunge ana gunung?

8. Apa kowe krungu pepesthening Allah,lan apa kowe ngrayud kawicaksanan kanggo awakmu dhewe?

9. Kowe sumurup apa, kang ora daksumurupi,kowe mangreti apa, kang ora cetha tumraping aku?

maca bab lengkap Ayub 15