Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 15:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. satemah atimu banjur dadi nglawan marang Gusti Allah.tuwin tutukmu ngwetokake tetembungan kang kaya mangkono?

14. Manungsa iku mangsa yen suci,lan mangsa yen asipat bener kang lair saka wong wadon iku!

15. Lah para abdine kang suci padha ora dipracaya,sarta langit dipirsani ora mulus resike,

16. mendahane maneh wong kang jember tuwin awatek dursila kang nyruput duraka kaya banyu.

17. Kowe dakkandhani, rungokna!Apa kang wus dakdeleng bakal dakcritakake,

18. yaiku kang dipratelakake dening para wicaksanakang anggone sumurup saka para leluhure ora nganggo digawe wadi,

19. nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau,lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.

20. Wong duraka nandhang giris sajege urip,wong kang ambek siya iya mangkono uga ing sajroning taun-taun kang cinadhangake.

maca bab lengkap Ayub 15