Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 13:18-28 Kitab Sutji (JAV)

18. Sumurupa, aku wus nyawisake prakaraku,aku yakin, manawa aku bener.

19. Sapa kang keconggah pepadon karo aku,iya wis, aku dakmeneng bae banjur dakmati.

20. Namung kalih prakawis ingkang mugi sampun Paduka tundukaken dhumateng kawula,dados kawula boten badhe ndhelik saking ing ngarsa Paduka,

21. inggih punika: Asta Paduka mugi Paduka singkiraken ingkang tebih saking kawula,kaliyan malih kawula sampun ngantos gumetermargi saking pagiris Paduka,

22. lajeng Paduka mugi nimbali kawula, kawula inggih badhe ngaturi wangsulan;utawi kawula ingkang munjuk saha Paduka ingkang paring wangsulan.

23. Sapinten ta agenging kalepatan saha dosa kawula?Kawula mugi Paduka sumerepaken dhateng panerak saha dosa kawula.

24. Punapa sababipun dene Paduka ngantos nyingidaken wadana Padukasaha kawula Paduka anggep mengsah?

25. Ron kabur kanginan kok Paduka damel geter;dami garing kok Paduka bujeng-bujeng!

26. Sabab kawula Paduka etrapi ingkang pait getir,kalepatan nalika nem-neman kawula punika Paduka dhawahaken dhateng kawula,

27. suku kawula Paduka belok,sarta salampah-lampah kawula Paduka ulat-ulataken,tlapakan kawula Paduka pasangi pepalang,

28. mangka punika tumrap dhateng tiyang ingkang sampun ringkih kados kajeng gapuk,kados sinjang ingkang dipun tedha ing renget.”

maca bab lengkap Ayub 13