Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 13:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Dagingku arep dakjupuk kalawan untuku,lan nyawaku arep daksangga ing tanganku.

15. Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pangarep-arep,ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.

16. Panjenengane bakal dadi kaslametanku,nanging wong lamis ora kena seba ing ngarsane.

17. Rungokna kang tumenan tembung-tembungku,lan gatekna katranganku!

18. Sumurupa, aku wus nyawisake prakaraku,aku yakin, manawa aku bener.

19. Sapa kang keconggah pepadon karo aku,iya wis, aku dakmeneng bae banjur dakmati.

20. Namung kalih prakawis ingkang mugi sampun Paduka tundukaken dhumateng kawula,dados kawula boten badhe ndhelik saking ing ngarsa Paduka,

21. inggih punika: Asta Paduka mugi Paduka singkiraken ingkang tebih saking kawula,kaliyan malih kawula sampun ngantos gumetermargi saking pagiris Paduka,

22. lajeng Paduka mugi nimbali kawula, kawula inggih badhe ngaturi wangsulan;utawi kawula ingkang munjuk saha Paduka ingkang paring wangsulan.

23. Sapinten ta agenging kalepatan saha dosa kawula?Kawula mugi Paduka sumerepaken dhateng panerak saha dosa kawula.

24. Punapa sababipun dene Paduka ngantos nyingidaken wadana Padukasaha kawula Paduka anggep mengsah?

maca bab lengkap Ayub 13